Minggu, 13 Januari 2008

Kidung Katresnan

“Matur nuwun yen esemmu kuwi tulus saka atimu, nanging yen mung kanggo balas dendam pliss…Nah, aja nyiksa aku kaya ngene.”


Ngono iku SMS sing dikirim Kang Tarjo wingi sore nalika aku lunga saka omahku Kalisuren. Tulisan iku sing gawe atiku bingung lan sansaya lara. Kang Tarjo iku kancaku. Aku karo dheweke suwe anggone kekancan, wis kawit biyen nalika aku durung ngerti isin wuda lan adus bareng-bareng karo kanca-kanca liyane. Dhek biyen aku ngrasa tresna kang banget marang dheweke. Kang Tarjo sing bagus lan gagah kaya Arjuna nggawe atiku dadi ra karuan, ra doyan mangan, lan ora kepenak anggone mapan.

Ibune Kang Tarjo kekancan karo ibuku wis suwe kawit ibu isih timur. Ibuku lan ibune kang Tarjo mantenan ing taun kang padha lan duwe putra meh bareng. Dhisik ibu wis arep njodhoke aku karo kang Tarjo. Nalika iku aku seneng banget. Nanging, Kang Tarjo mung nganggep aku adhi. Remuk atiku ngerti yen kang Tarjo mung nganggep aku kaya ngono. Kamangka aku karo dheweke wis raket banget, dolan bareng, mangkat sekolah bareng, ngendi-ngendi bareng.

Nalika aku arep neruske SMA aku milih lunga saka desaku. Aku milih lunga ninggalke Arjunaku lan kabeh sing dadi kenangan. Lunga adoh neng kutha liya lan nyambut gawe ana kene. Kutha Surabaya sing tak ajab bisa dadi panguripanku lan bisa nggawe aku nglalekna Kang Tarjo.

***

Esuk iki HPku muni. Dakbuka lan dakwaca. SMS saka Kang Tarjo.

”Nah........aku ngerti yen aku ra isa entuk katresnanmu. Aku ngerti yen kowe wis duwe wong liya sing banget tresnane marang kowe. Aku ngerti Nah! Nanging mung siji sing ra takngerteni Nah, nangapa aku kaya ngene Nah? Nangapa esemmu ra bisa ilang saka awang-awangku?”.

Aku mbales SMS-e Kang Tarjo. Lagi wae nulis saukara, keprungu lawang kamarku dikethok.

”Thok...Thok...Thok...!Nah, wis siap durung?Ayo ndang mangkat ben ra kasep!”. Keprungu swarane Mas Parmin sing ngajak cepet-cepet mangkat kerja. Gage aku nyaut tasku lan metu nemoni Mas Parmin.

”Iya Mas, sedhela...!” Aku mangsuli karo mlayu metu kontrakanku.

Ora let suwe aku wis ana boncengan. Motore Mas Parmin mlayu kebat banget kaya-kaya mabur ing awang-awang. Aku gocekan dheweke, nanging pikiranku mbuh neng ndi, ora ana boncengan kono kuwi. Sms saka Kang Tarjo isih sliwar-sliwer ana sirahku.

”Nah, wis tekan ayo ndang mudhun! Dhewe wis kawanen! Ayo ndang! Nah....!!!Nah.....!!!” swarane Mas Parmin ngagetke aku.

”Ee...ee...i...iyaa....Mas!” aku mangsuli rada gugup karo mudhun saka motor.

”Kowe ki nangapa ta Nah? Ketoke kok dadi seneng ngalamun. Apa kowe lagi ana masalah? Cerita ta karo aku. Aku iki rak tunanganmu, calon bojomu. Dadi aku kudu bisa dadi kancamu nalika seneng utawa nalika susah” Omonge Mas Parmin karo nggandheng tanganku mlebu ana pabrik.

”Ora ana apa-apa Mas. Aku mung rada kesel” omongku sajak gawe tentrem Mas Parmin.

”Ya ngaso Nah yen pancen awakmu rada kesel. Ora usah nglembur ana ngomah dhisik. Yen perlu kerdus-kerdus sing kokgawa mulih kae tak rampungke aku wae”. Tembunge Mas Parmin maneh.

Mas Parmin kuwi wonge menengan, ora tau nesu marang aku. Dheweke bisa gawe tentrem ati nalika lagi susah. Mas Parmin iku uga priya sing jujur, alus, tulus, lan ora neka-neka.

Aku kelingan nalika biyen pertama kenal karo Mas Parmin. Nalika iku dheweke diutus Pak Kepala Bagian menehna layang kanggo karyawan kang aran Siti, ananging dheweke kleru menehna layange neng aku. Kamangka Siti sing dimaksud kuwi Siti Wulandari karyawati bagian pengolahan. Wiwit iku mau, aku dadi kenal dheweke. Tambah dina aku lan Mas Parmin sansaya cerak lan rumaket. Ora krasa wis setaun lawase aku pacaran karo dheweke. Tibane sasi wingi tanggal 17, aku lan Mas Parmin resmi tunangan. Ngucapake janji bakal ndadekake aku bojone kang bakal ngancani salawase.

”Nah.....Nah.....Nah....!!!” Marni ngomong karo nabok pundakku.

Aku kaget lan lagi nyadar menawa aku nglamun. ”Eeh....Eh...” kandhaku rada gugup.

”Maemunah.....Maemunah....., Ayo kerja maneh aja nglamun wae! Mengko mundhak kesambet dewa Amor. Hee...Hee.....Hee...!” Marni ngomong karo mesem sajak ngguyoni aku. Gage aku menyat lan nyaut kerdus-kerdus sing bakal dienggo wadhah kaleng susu.

***

Aku mlaku alon-alon tumuju parkiran motor. Kaya biasane aku lan Mas Parmin kangsenan ana kana. Jangkahku sansaya alon. Aku ngrasakake awakku banget lemese. Srengenge wis katon ana sisih kulon. Katon abang. Silo. Sirahku krasa mumet banjur pet, kabeh peteng.

Aku melek nanging kabeh katon blawur. Sirahku krasa cenut-cenut. Saya suwe kabeh katon padhang lan jelas. Aku weruh Mas Parmin ana ing sandhingku.

”Aku ana ngendi?” pitakonku karo menyat saka paturon.

”Kowe ana kontrakanmu Nah” wangsulane Mas Parmin karo ngelus rambutku.

”Sirahku rada lara Mas...” omongku maneh.

“Ngasoa sik Nah, kowe kekeselen nganti semaput ana pabrik” Mas Parmin nyoba nerangna.

***

Dina Minggu, prei anggonku kerja. Saiki aku wis mari. Wis bisa mlaku jumangkah ana ing teras omah kontrakanku. Rong dina lawase aku mung isa turon ana kasur, ora duwe daya kanggo ngobahke awak. Aku kelingan HP-ku sing ana ing ndhuwur meja. Dakjupuk lan dakbukak pesen ana ing kotak masuk. Mak jenggeleg rasane, ana SMS saka Kang Tarjo nanging SMS iku wis kebukak. Dakwaca apa isine.

”Nah...saiki aku ngerti nangapa esemmu ra isa ilang saka pikiranku, takcoba nglalekake malah sansaya kelingan. Aku tresna marang kowe Nah. Tresna kang sejati. Ora kaya tresnaku marang wong liya. Nah, apa kowe isih gelem menehi dalan sethithik wae kanggoku supaya bisa ana ing atimu? Sadurunge aku njaluk ngapura menawa biyen aku gawe laraning atimu. Aku nyesel Nah, aku nyesel biyen ra nganggep kowe ana, kamangka dhewe wis rumaket banget. Yen ta pancen Gusti paring piwales aku siap Nah, nanging menawa kudu adoh saka kowe aku ra isa Nah. Aku tresna marang kowe, Nah!”.

Tumetes eluhku nalika maca tulisan kuwi. Atiku bingung. Atiku seneng nanging atiku nesu. Atiku dhemen nanging atiku getun. Atiku percaya nanging atiku lara. Aku ra ngerti pacoben apa maneh kang diparingke Gusti kanggo aku.

”Piye rasane awakmu saiki Nah?” Mas Parmin teka karo nggawa apel sakresek neng tangan. ”Wiiii....wiiss kepenak Mas” Aku mangsuli karo gugup lan ngusap-usap eluhku.

”Hlo...nangapa kowe malah nangis?” pitakone Mas Parmin sajak kuwatir lan mlirik tanganku sing lagi nyekel HP.

”Ora nangapa-apa Mas”. Wangsulanku rada lirih.

Mas Parmin mandeng mripatku lan nyekel tanganku. ”Nah, aku pingin ngomong. Wingi awan kancamu Tarjo nelpon. Aku lan dheweke omong-omongan babagan awakmu. Aku ngerti Nah apa sing ana antarane aku, kowe, lan Tarjo. Aku ngerti sapa Tarjo kuwi lan kepiye Tarjo marang kowe. Aku uga ngerti kepiye atimu marang Tarjo. Nah, aku tresna marang kowe, mula saka iku aku tansah kepingin kowe seneng, mulya, lan sentosa. Saiki yen kahanane wis kaya ngene aku kudu bisa wicaksana. Aku ora bakal meksa kowe Nah. Yen pancene sing bisa gawe seneng sliramu Tarjo, aku bakal ikhlas. Iki kabeh mung amarga aku tresna tenan karo kowe”. Mangkono wicarane Mas Parmin. Ora krasa tumetes eluh ing pipiku. Tumetese saya banter kaya udan deres ing sasi rendheng.

”Mas...aja ngomong kaya ngono. Mung sliramu kang dadi raja ing atiku. Aku njaluk ngapura Mas menawa aku asring gawe luput. Aku ra kepengin dhewe pisah mung karana Kang Tarjo, Mas. Aku pingin tetep bekti nganti dadi bojomu”. Kandhaku karo nangis.

”Yo wis Nah, aku percaya marang kowe. Aku yakin kowe bisa milih kanthi pener”. Mas Parmin mangsuli karo ngrangkul aku.

***

Srengenge katon padhang sore iki. Cahyane cumlorot ana wit-witan ing ngarep omah. Aku njagok ana teras karo nggawa HP-ku. Kanthi madhep mantep aku nulis sms kanggo Kang Tarjo.

”Kang....aku ngerti apa sing kok rasake. Aku ngerti kepiye atimu marang aku. Nanging aku ra bisa males katresnanmu, Kang. Aku mung wanita kang ora sampurna. Neng njaba kana isih akeh widadari ayu lan sampurna sing luwih pantes koksandhing. Kang...ikhlasna aku, aku arep nggayuh lan nglakoni uripku karo priya sing wis takpilih. Yo ben katresnane dhewe kesimpen ana jagad lan dadi crita sing endah”.

Ngono wacan SMSku. Gage dakkirim marang Kang Tarjo.

Neng sandhing lawang wis ketok Mas Parmin sing nggawa kembang ing tangane. Aku mandeng dheweke karo mesem. Neng ati aku ndonga muga-muga Gusti paring pitulung, paring karaharjan sarta kaendahan marang aku lan Mas Parmin anggone nglakoni katresnan iki.

####

Ngayogyakarta, 011007

Sekar_Lintang

Tidak ada komentar: